Archive for Maret, 2011


Dangdanggula 1

* Pawitane wiwit ngagem sawit,
Dudu ayu kang karya yuwana,
Sanea gagah gambuhane,
Apandudu ki dhukun,
Kang kadamel amal ing kawin,
Kawawas katiwasan
Kawusananipun,
Wit badha rupapunika,
Ambyar kabelabar pepalang paling nir,
Niba talake tiga

* Tata titi tannngon tatag titis
tis tisane anatas jroning tyas
lir sasangka sasangune
wawis waskitheng pan wus
pan mangkana werdining wadi
wasis awas ing tingal
tan ana dyah ayu
kajaba garwa priyangga
lawan datan insan kang madhan-madhani
bagus lir garwanira

AN-dum manis jinar-JAR tan cicir,
A-karan sih ri-NI karaya,
Mrih basuki bebasane
Tut runtut tan kumelut
Kuune wus wasis wosing sih,
Sihing jro jejodhowan,
Wya ngantya kejunglup,
Ngupaya bi pepoyan,
Tata tatag tanggon titi tuwin titis
Tinon pawitanira

Blog di WordPress.com.
[ Kembali ke atas ]